Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Juli, 2018

Edisi 29 Sembyarang mbyarang

SEMBYARANG-MBYARANG Edisi 29 Sembyarang-mbyarang...! Sembyarang-mbyarang...! Suworone Bek Rouk (bakulan Mlijo) keliling, nyeluk-nyeluk pelanggane nawakaken dyagangane, nggyarai wong penasaran Paran hang di dol ndane. Temokaken serto Bek Rouk diceluk isine dyagangane macem-maceme panganan, mulai janganan, lawuh nggo madyang, sampek jyajan pasar. Aran 'Sembyarang-mbyarang' nggarai pikiran lan ati mulek, gelingsetan Hing karuan, penasaran kepingin weruh Paran byawen isine sembyarang-mbyarang iku. Koyo pikiran lan atine menungso kang isine sembyarang-mbyarang. Dadi menungso Iki koyo wadah kang isine sembyarang-mbyarang, mulo kudu ditoto lan diatur hang apik. Sejatine isine gemebyare alam iki Kabeh Yo sembyarang-mbyarang, umpomo diomongno siji-siji hing ono enteke, mangkane enak e diarani sembyarang-mbyarang wes beres, ringkes, hing katek ruwet-ruwetan. Umpomo o mbyahas siji perkoro, isine yo mesti sembyarang-mbyarang, contone kadung ngomongaken perkor...