Edisi 31 SITAI (siti) SITI, siti utowo sitai ( pangucap osing ) iku boso jowo kuno hang artine lemah utowo bumi. Siti ugo dienggo aran kanggo wong wadon hang artine wong wadon kang mulyo ( per-empuan ). Per-empuan kanthi dasar empu, tegese manungso hang jangkep kaweruhe (ahli). Sitai ( pangucap osing ), biasane dienggo wadanan ambi wong jowo kulon, si-tai hang maksudte tai. Terus paran hubungane tai ambi lemah? Acake pikiren solong ! Nawi tah nemu jawabane lan biso dadi kunci uripe riko. Siti/lemah/bumi, parek kaitane ambi tlatah jowo, kelebu ing toto negoro. Contone " paku bumi, paku buwono, mangku bumi, hamengku buwono, lan sak piturute". Kiro-kiro paran maksudte yooh? Ayok di wedar bebyarengan. Manungso dicipto soko lempung artine lemah hang paling apik. Nanging manungso nduweni patang unsur, yoiku 1. Geni sifate ngadek/jejeg 2. Angin sifate rubuh 3. Banyu sifate mili 4. Lemah sifate meneng/anteng Penciptaane m...