NGERANDU WELAS
Edisi 30
Ayo ngerandu....!, Dudu ngerondo( Ojo salah mocone).
Kadung ngomongno ngerandu, eleng Nang wit randu, wite gedi werno ijo, akeh erine. Keneng dienggo persemone Urip.
Uwohe randu arane kapok, isine werno puteh, lemes, enteng, ambi wijine kapuk mentol cilik-cilik,
Kapok iku dienggo isine bantal ambi kasur,
Koyo dene ngerandu kapok, Podo dene koyo ngerandu welas, ngenteni melteke kapok buru keneng diunduh, semono ugo ngerandu welas
Welas koyo dene kapok, putih warna, lemes sifat, enteng rasane, tapi kadung kapuke Sampek semembur nggarai wahing2 Hing mari-mari, gobot kabeh.
Ngomong ngerandu welas eleng syaire kang Dani Kutil
Koyo dene ajege temetese banyu
Hang biso nggawe buotoul atose watu
Sing kapok ati iki ulihe ngerandu
Masiyo sing leren-leren ulihe Tatu
Koyo dene ajege mutere serngenge
Isuk no ring wetan, Soren no ring kulon
Sing kesel-kesel ati Iki ngarepe
Mimbane ati Riko ngajak sun mesem
Glepunge diadoni, lemure kemurep ring Pawon, ngelayung rasane ati, karep nyanding sing kelakon.
Wet pari arane dami, diobongi myakne sing kotor, demen Riko sing mari-mari, pereine kadung mujur ngalor.
Aju klendi kadung wes gedigi, mugo betah, mugo omes ngemong welas njero ati.
Gak Tau apik blass
Contact Person / WhatsApp :
085745592523 : Mas Yongki
/ 085236999911 : Mas Endy
Media Sosial :
Website : http://rampakosing.blogspot.com
Fanspage : Rampak Osing
Instagram : @rampakosing
Twitter : @RampakOsing

Komentar
Posting Komentar