Sinau bareng
Jumat, Tgl 24 Mei 2019
Monggo katuran pinarak
NGADHEGO JEJEG
Untuk edisi kali ini tepatnya dalam proses
Merangkai Cinta Untuk Semesta dimulai dengan mencari ketepatan posisi manusia
terhadap Tuhan, dan keterkaitan posisi tersebut terhadap para pemeran utama
dalam skenario besar Allah terhadap seluruh kehidupan alam semesta ini baik yg
tersurat maupun tersirat. Dan kaitannya juga dengan keistimewaan manusia itu
sendiri yang dibekali dengan hawa nafsu dan akal pikiran yang seringkali
menjadi fasilitas sekaligus ujian. Tergantung bagaimana manusia itu mengolah
secara sistemik atau malaka baik untuk ruh maupun jasad agar tetap ngadeg jejeg
lan dedheg terhadap Allah dan Rosulullah.
Untuk itu kita memakai filosofi pohon kelapa yang
sepertinya bisa menggambarkan secara garis besar mengenai ketepatan posisi
tersebut.
****
Diteliti soko akare serabut, nggambarke menungso
kuwi kudu rukun. Senajan cilik-cilik lek bersatu kuwi biso kuat. Wite klopo
diarani GELUGU. Ojo ndablek, pitutur becik kudu digugu. Ora keno sak karepe
dewe lan gelem nggugu wejangan luhur lan adiluhung. Arep menek wit klopo yo
kudu nglewati tataran lan aturan ugo kudu rangkulan ben ora mlorot. Aturan lan
tataran kudu digugu.
Semono ugo menungso urip kudu duwe aturan, itungan,
lan ukuran. Rino lan wengi ngliwati tataran lan rangkulan, rino lan wengi
tansah eleng sing neng nduwur.
Terus menek munggah ketemu opo? Yo ketemu BLOKANG,
blok-blok sing mekangkang. Menungso urip nek wes ngerti tataran lan aturan
bakal ngerti blok utowo sekatan. Sekatan urip sing ngangkang jagad sing
digambarne olo lan becik kiwo lan tengen.
Banjur ono pinggirane blokang bakal ketemu GODONG,
tegese rogo lan ngadong nenuwun marang gustine. Godonge diarani belarak. Uripe
menuso ben ora ngubel ngubel mbulet ben ora diarak arak, DIPERMALUKAN. Sak
tengahe blarak ono opo? Yoiku jenenge sodo. Ben biso lan manjing ono ning dodo.
Sak nduwure blokang ketemu opo? Yo iku ketemu
mancung. Ojo eman ben ora kepancung. Lek enek rejeki luweh ojo lali marang
liyan sopo yo jasad e ra kepancung. LORO, SAKIT.
Sak jerone mancung ono kembang sing diarani MANGGAR
. Monggo mang di anggar anggar. Dirawat, dilatih, diruwat. Supoyo kembange ben
dadi bakal buah. HASIL.
Lek tenanan anggone nindakne kebecikan bakal muncul
buah karmane sing becik sing diarani BELULUK. Ben mlebu nek ati ora dadi beluk.
Asap. Ngrugekne marang liyan awak e dewe.
Soko bluluk diriyadohi nganggo laku. Soyo suwe
tambah apik gede dadi CENGKIR. Kenceng ing piker. Wicaksono tumindake lan
tingkah lakune. Lan ora batin olo marang liyan. Soko cengkir dadi DEGAN. Soko
kencenge piker menungso goleki jati dirine ben ora deg-degan. Ora gumunan, ora
kagetan marang opo wae lakone urip.
Soko degan dadi KELOPO. ojo mangkel marang opo wae
sing ora cocok karo ati lan pikiran. Ketemu menungso sing sifate ngeyelan,
mbrugul, atos omongane, atos atine, koyok kulite klopo, kudu sabar lan ikhlas.
Klopo di onceki maneh ketemu SEPET sing sifate enteng. Enteng marang kebecikan
gelem tetulung marang liyan.
Nek jerone sepet enek opo? Yo iku enek sing jenenge
BATHOK (tempurung), tobat kanggo pathok (tiang). Tobat nasuha, tobat sing
temen. Bathok sing sifate atos iku tegese TEGUH DALAM PRINSIP, kanggo nggayuh
kemanunggalan.
Ono sak jroning bathok bakal ketemu isine sing
putih sarine klopo. Ndudohake ati seng resik. Lan nek jerone maneh ketemu
banyune kelopo. Sing diarani banyu perwito sari banyu panguripan. Nek jero
banyune kenek diarani banyu ROSO. Manungso diarahke ngolah rasane. Roso
manungso lan ngrumangsani.
Menek maneh nek nduwur ketemu sing diarani JANUR.
Sejatine nur. Yoiku Nur Allah lan Nur Muhammad. Mongko yen siro wis iso niti
witing kelopo kanti lelaku lan roso, mongko siro bakal nemokno hakikat
kesejatian. Nurun 'ala nuur.
Dari penggambaran tersebut kita bisa memaknai
bahwasanya manusia hidup penuh dengan godaan dan cobaan baik secara jasad
maupun ruh, dari jagad cilik ataupun jagad gede yg ada dlm diri manusia itu
sendiri
Semakin tinggi pohon maka semakin kuat angin yg
menerpanya maka blm cukup kita menemukan
ketepatan posisi saja tapi juga terus belajar keseimbangan supaya tetep manjing
ing njero ati, Ngadhego sing Jejeg !
Contact Person / WhatsApp :
085236999911 : Mas Endy
Media Sosial :
Website :
http://rampakosing.blogspot.com
Fanspage :
Rampak Osing
Instagram :
@rampakosing
Twitter :
@RampakOsing

Komentar
Posting Komentar